Parjo : Kang, sampeyan ngenehi duit wong ngemis mau?
Samin : Iyo.
Parjo : Sampeyan diapusi, wong sing ngemis kae mau asline sugih, sapine akeh...
Samin : Ngapusi iku dudu urusanku. Kuwi urusane dekne karo Gusti Alloh
==================
Parjo : Lho sendalmu endi kang? Kok cekeran?
Samin : Ilang.
Parjo : Ora mbok golek'i ... sopo sing nyolong?
Samin : Ora, aku biyen lahir yo ora sandalan.
===================
Parjo : Kang, sampeyan dirasani karo Joyo.
Samin : Ben wae.
Parjo : Sampeyan ora nesu
Samin : Lha saiki kowe yo ngrasani Joyo. Joyone yo ra nesu.
=================
Parjo : Kang, pitikmu dipangan asune Joyo.
Samin : Wes ben.
Parjo : Kok sampeyan biasa wae? Ora njaluk ganti?
Samin : Aku malah kaget nek pitikku sing mangan asune si Joyo.
==================
Parjo : Kang, wes mangan?
Samin : Durung.
Parjo : Mreneo tak wenehi duit.
Samin : Wegah. Aku ra doyan. Panganen dewe yen kowe doyan duit.
=================
Parjo : Kang, tanduranmu rusak dipangan weduse Joyo.
Samin : Ben wae. Untung doyane tanduran. Yen weduse doyan papan, malah omahku sing dipangan.
==================
Parjo : Kang, kowe ki ket mau mlaku ngalor ngidul..... ora jelas?
Samin : Lha yo kuwi. Nek jelas, mesthi aku mlaku ngalor thok opo ngidul thok.
===================
Parjo : Kang, klambi sing tok pepe dicolong uwong.
Samin : Ben. Wong salahku dewe, aku mepe klambi tak pamer2ke ning njobo.
==================
Parjo : Kang, kok mung mlaku? Lha jaran sing biasa tok tumpaki nang endi?
Samin : Ilang, alhamdulillah
Parjo : Kok malah alhamdulillah karo ngguya-ngguyu ki piye?
Samin : Lha untunge pas dicolong, aku ora pas numpak jaran, Nek pas tak tumpaki aku yo katut ilang to?.....
==================
Parjo : Kang, bayarane Joyo luweh gede timbang bayaranmu lho.
Samin : Ben.
Parjo : Kan ora adil.
Samin : Adil ora kudu podo. Kowe tak pakani katul podo karo pitik yo emoh to?
==================
Parjo : Kang, pelem-mu dicolong Joyo.
Samin : Ben.
Parjo : Kok ben?
Samin : Lha kowe kok iyik to? Biasane yen dicolong codot aku yo meneng wae kok....
===================
Parjo : Kang, jare wingi omahmu kelebon maling?
Samin : Iyo.
Parjo : Lho, kok iyo? Berarti sampeyan ngerti?
Samin : Ngerti. Tapi aku ngumpet mergo isin ra duwe barang sing apik sing iso dimaling....
==================
Nek sanggup koyo Samin, uripe bakal ayem tentrem.....
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
Terimakasih telah berkunjung di blog saya, sekiranya ada waktu luang mohon tinggalkan pesan atau komentar di bawah sini.
"Oiya, komentarnya yg baik dan bijak ya".
EmoticonEmoticon